Pepali Ki Ageng Selo


DHANDHANGGULA

1. Pepali ku ajinen ambrekati,
tur selamet sarta kuwarasan,
pepali iku mangkene,
aja agawe angkuh,
aja ladak lan aja jail,
aja ati serakah,
lan aja celimut,
lan aja mburu aleman,
aja ladak wong ladak pan gelis mati,
lan aja ati ngiwa.

2. Padha sira tetirua kaki,
jalma patrap iku kasihana,
iku arahen sawabe,
ambrekati wong iku,
nora kena sira wadani,
tiniru iku kena,
pambegane alus,
yen angucap ngarah-arah,
yen alungguh nora pegat ngati-ati,
nora gelem gumampang.

3. Sapa-sapa wong kang agawe becik,
nora wurung mbejang manggih arja,
tekeng saturun-turune,
yen sira dadi agung,
amarentah marang wong cilik,
aja sedaya-daya,
mundhak ora tulus,
nggonmu dadi pangauban,
aja nacah mrentahe ingkang patitis,
nganggoa tepa-tepa.

4. Padha sira ngestokena kaki,
tutur ingsun kang nedya utama,
angarjani sarirane,
wya nganti seling surup,
yen tumpang suh iku niwasi,
anggung katelanjukan,
temah sasar susur,
tengraning jalma utama,
bisa nimbang kang ala lawan kang becik,
rasa rasaning kembang.

5. Kawruhana pambengkasing kardi,
pakuning rat lelananging jagad,
pambengkasing jagad kabeh,
amung budi rahayu,
setya tuhu marang hyang widhi,
warastra pira-pira,
kang anggung ginunggung,
kasor dening tyas raharja,
harjaning rat punika pakuning bumi,
kabeh kapiyarsakna.

6. Poma-poma anak putu mami,
aja sira ngegungaken akal,
wong akal ilang baguse,
dipun idhep wong bagus,
bagus iku dudu mas picis,
lawan dudu sandhangan,
dudu rupa iku,
bagus iku nyatanira,
yen dinulu asih semune prak ati,
patrap solah prasaja.

7. Lawan aja dhemen ngaji-aji,
aja sira kepingijn kedhotan,
kadigdayan apa dene,
aja sira mbedhukun,
aja ndhalang lan aja grami,
aja budi sudagar,
aja watak kaum,
kang den ajab mung reruba,
kaum iku padune cukeng abengis,
iku kaum sanyata.

8. Kumbah krakah cukit lan andulit,
miwah jagal melanten lan kumala,
iku nora dadi gedhe,
wajib sinirik iku,
pan wus aja ngaruh-aruhi,
aja doyan sembrana,
matuh analutuh,
niwasi sabarang karya,
wong sembrana temahane nora becik,
nyenyenges nanjak-anjak.

9. Pae wong kang makrifat sejati,
tingkah una-unine prasaja,
dadi panengran gedhene,
eseme kadi juruh,
saujare manis trus ati,
iku ingaran dhomas,
wong bodho puniku,
ingkang jero isi emas,
ingkang nduwe bale kencana puniki,
bola bali kinenca.

10. Keh tepane mring sagunging ngaurip,
pan uninga ati tengu gengnya,
ingkang sasingkal gedhene,
endhog bisa keluruk,
miwah geni binakar warih,
iku talining barat,
kawruhana iku,
manjing atos nora renggang,
bisa mrojol ing kerep dipun kawruhi,
kang cendhak kethokana.

11. Aja watak sira sugih wani,
aja watak sok ngajak tukaran,
aja ngendelken kuwanen,
aja watak anguthuh,
ja ewanan lan aja jail,
aja ati canthula,
ala kang tinemu,
sing sapa atine ala,
nora wurung bilahi pianggih wuri,
wong ala nemu ala.

12. Poma-poma anak putu sami,
aja sira mengeran busana,
aja ngendelken pintere,
aja anggunggung laku,
ing wong urip dipun titeni,
aketareng basa,
katandha ing semu,
semu becik semu ala,
sayektine ana tingkah solah muni,
katon amawa cahya.

13. Aja sira amadhakken jalmi,
amarentah kaya sato kewan,
kebo sapi miwah iwen,
aja sira prih weruh,
kaya uwong pan ora ngerti,
aja kaya si soma,
kebone pinukul,
sababe sinau maca,
yen bisaa nora beda padha urip,
mulane awewuda.

14. Ayam ginusah yen munggah panti,
atanapi lamung mangan beras,
kebo ingadhangan bae,
iku wong olah semu,
lamun sira tetanggan kaki,
yen layak ingaruhan,
aruhana iku,
yen tan layak enengena,
apan iku nggemeni darbek pribadi,
pan dudu rayatira.

15. Patrapena rayatira kaki,
anak putu sanak presanakan,
enakena ing atine,
lamun sira amuruk,
weruhena yen during sisip,
yen uwus katiwasan,
aja sira tutuh,
kelangan tambah duraka,
yen wus tiwas sira umpah-umpah kaki,
tur iku mundhak apa.

16. Bumi geni banyu miwah angin,
pan srengenge lintang lan rembulan,
iku kabeh aneng kene,
segara jurang gunung,
padhang peteng padha sumandhing,
adoh kalawan perak,
wus aneng sireku,
mulane ana wong ngucap,
sapa bisa wong iku njaringi angin,
jaba jalmu utama.

17. Tama temen tumanem ing ati,
atinira tan nganggo was-uwas,
waspada marang ciptane,
tan liya ananipun,
muhung cipta harjaning ragi,
miwah harjaning wuntat,
ciptane nrus kalbu,
nuhoni ingkang wawenang,
wenangira kawula pasthi,
sumangga ring kadarman.

About these ads

2 responses to “Pepali Ki Ageng Selo

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s