Kumpulan Tembang Macapat


  1. Tiyang gesang kedah ngudi kawru
  2. pamedharane wasitaningati

cumanthaka aniru pujangga

dhadat mudaing btine

nanging kedah ginunggung

datan wruhyen akeh ngesemi

ameksa angrumpaka

basa kang kalanturtutur kang katula-tula

tinalaten rinuuhkalawan ririh

mrih padhangingsasmita

  1. sasmitanging ngaurip kaiki

mapan ewuhyen oraweruha

tan jemuning ing uripe

akeh kang ngaku-aku

pangrasane sampun udani

tur durung weruh ing rasa

rasa kang satuhu

rasaning rasa punika

upayanen darapon sampurna ugi

ing kauripanira

  1. jroning Kur’an nggoning rasa yekti

nanging tak pilih ingkang uninga

kajaba lawan tuduhe

nora kenaden awur

ing satemah nora pinanggih

mundhak kata lanjukan

tedah sasar susur

yen sira arun waskitha

sampurnane ing badanira puniku

sira anggugurua

  1. nanging sira yen ngguguru kaki

amilihamanungsa kang nyata

ingkang becik martabate

sarta kawruh ing kukum

kang ngibadah lan kang wirangi

sokur oleh wong tapa

ingkang wus amungkul

tan mikir pawewehing liyan

iku pantes sira guronnana kaki

sartane kawruhana

  1. lamun ana wong micoreng ngelmi

tan mupakat ing patang perkra

aja sira age-age

angangep nyatanipun

saringana dipun baresih

limbangen lan kang patang

prakara rumuhun

dalil kadis lan ijemik

lan kiyase papat iku salah siji

ana kang mupakat

  1. ana uga kena antepi

yen uculsaking patang prakara

nora enak legatane

tan wurung tinggal wektu

panganggepe wus anggengkoki

aja kudu sembahyang

wus salat katengsun

banjure mbuwang sarengat

batalkaramnora nganggo den rawati

bubrah saking tata

  1. angel temenng jaman samangkin

ingkang pantes keno ginuronan

akeh wong jajah ngelmune

lan arang ingkang manut

yen wong ngelmu ingkang netepi

ing pangawening sarak

den arani luput

  1. ingkang lumrah ing mangsa puniki

mapan guru ingkang golek sabat

tuhu kuwalik karepe

kang wus lumrah karuhun

jaman kuna mapan ki murid

ingkang padha ngupaya

kudu annguguru

ing mengko iki ta nora

Kyayi guru naruthuk ngupaya murid

Dadiya kanthinira

 

I.     KINANTHI

Lampah dhatengsaeningtumindak

  1. padha gulangen ing kalbu

ing sasmita amrih lantip

aja pijer mangan nendra

ing kaprawiran den kesthi

pesunen sariranira

cegahen dhahar lan guling

  1. dania lakunireki

cegah dhahar lawan guling

lan aja kasukan-sukan

anganggoa sawatawis

ala watake wong suka

nyuda prayitna ing batin

  1. yen wis tinitah wong agung

aja sira gunggung dhiri

aja leket lan wong ala

kang alalaku nireki

nora wurung ajak-ajak

satemah anunulari

  1. nadyan asor wijilipun

yen kalakuane becik

kalawansugih carita

carita kang dadi misil

iku pantes parekana

darapon mundhaking budi

  1. yen wong anom pan wis tamtu

manut marang ingkang ngadepi

yen kang ngadhep akeh bangsat

datang wurung bisa juti

yen kang ngadhepkeh durjana

nora wurung bisa maling

  1. sanadyan ta nora milu

pasthi wruh silahing maling

kaya mangkono sabarang

panggawe ala puniki

sok weruh anuli bisa

yeku panuntuning iblis

  1. panggawane becik puniku

gampang yen wus den lakoni

angel yen durung kalakyan

aras-arasen nglakoni

tur iku den lakonana

mufanganti badanireki

  1. lan wong anom-anom iku

kang tanggung ing mangsaki

andhap asor dipun simpar

umbag gumunggunging dhiri

obrol umuk kang gulang

kumenthus lawan kumaki

  1. sapa sira sapa ingsun

angalunyah sarta edir

iku lalabete uga

nom noman adhoh wong becik

emoh anggrungu carita

carita ala lan becik

  1. carita panwus kalaku

panggawe ala lan becik

tindak bener lan kang ora

kalebu jro cariteki

mulane aran carita

kabeh-kabeh den kawruhi

  1. mulane wong anomiku

becik ingkang ataberi

jejagongan lan wong tuwa

ingkang sugih kojah ugi

kajah iku warana-warna

ana ala ana becik

ingkang becik kojahipun

sira anggoa ang pasthi

ingkang ala singgahana

aja siraanglakoni

lan den awas wong akojah

iya ing mangsa puniki

  1. akeh wong kang sugih wuwus

nanging den sampar pakolih

amung badane triangga

kang den pikolehken ugi

panastene kang den umbar

tan angganggo sawetawis

  1. aja na wong bisa tutur ngemungna ingsun pribadi

aja na kang amamadha

angrasa pinter pribadi

iku setan nunjang-nunjang

tan pantes dipun pareki

  1. sikakna den kaya asu

yen wong mngkana ugi

dahwen para open layak

yen sira sandingan linggih

nora wurung katularan

becik singkirana ugi

  1. poma poma wekasiingsun

mring kang maca layang iki

lahir batin den estokna

saunine layang iki

lan den bektimring wong tuwa

ing lair prakta ing batin

 

II.     GAMBUH

Pepacuh nindhakanen piyawon

  1. sekar gambuh ping catur

kang cinatur polah kang kalantu

tanpa tutur katula-katula katali

kadaluwarsa katutuh

kapatuh kang dadi awor

  1. aja nganti kabanjur

sabarang polah kang nora jujur

jen kabanjur sayekti kojur

tan becik

becik ngupaya iku

pitutur ingkang sayektos

  1. pitutur genah iku sayektine pantes tiniru

nadyan metu saking wong sudra papeki

lamun becik anggone muruk

iku pantes sira angga

  1. ana pocapanipun

adiguna adigang adigung

kang adigang kidang adigung

pan esthi adiguna ula iku

telung pisan mati sampyoh

  1. sikidang umbagipun

anggandelken kebat kumpatipun

pan sigajah ngandelaken ageng inggil

ula angandelken iku

mandine kalamun nyakot

  1. iku upamanipun

aja ngandelaken sira iku

suteng nataya sapa ingkang wani

iku ambege wong digung

ing wusana dadi asor

  1. adiguna puniku

ngandelaken kapinteranipun

samubarang kabisan dipun dheweki

sapa pinter kaya ingsun

toging prana ora enjoh

  1. ambeg adigang adigung iku

ngandelaken kapinteranipun

para tandang candhala anyanyampahi

tinemenen ora pecus

satemah dadi guguyon

  1. ing wong urip puniku

aja nganggo anggep kang tetelu

anganggoa rereh ririhngati-ati

den kawawang barang laku

den waskhita solahingwong

  1. dene katelu iku

si kidang suka ing patinipun

pan si gajah alena patinireki

si ula ing patinipun

ngendelken upase pandos

  1. katelu nora patut

yen tinurumapan dadi luput

titikane wong anom kurang wawadi

bungah akeh wong angunggung

wekasane kajalomprong

  1. yen wong anom puniku

kakean pangaanggon dadi kumprung

pengung bingung wekasane pan angoling

yen den gunggung muncu-muncu

kaya wudun meh mecothot

  1. ing wong kang padha gunggung

pan sepele iku papringipun

mung warege wadhuk kalimising lathi

ruruba alaming uwong

  1. amrih parek kang iku

yen wus kanggep nuli gaweumuk

pan wong akeh sayektine padha wedi

tan wurung nampa pisungsung

adol sanggup sakeh ing wong

  1. amrh pareka iku

nora pantes cedhak mring wong agung

ora wurung anuntun panggawe juti

nanging ana pantesipun

wong mangkono didhedheplok

  1. aja kakean sanggup

durung weru tuture agupruk

tutur ngempil panganpe wruh pribadi

pangrasane keh wong gumbung

kang wus weruh amalengos

  1. aja nganggo sireku

kalakuan kang mangkono iku

datan wurung tinitenan den cireni

mring pawong sanak sadulur

nora nana kang pitados

IV PANGKUR

Awon saening lelampahan punika,

Sampun katitikwonten tumindakipun

  1. kang sekar pangkur winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

ada watonpuniku dipun kadulu

miwah ta ing tatakrama

den kaesthi siyang ratri

  1. duduga lawan prayoga

myang watara riringa ajwa lali

iku prabot satuhu

tan kena tiniggala

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

angucap meneng annendra

duga-duga nora kari

  1. kalamunana manungsa

anyinggahi dugi lawan prayogi

iku wateke tan patut

aworlawan wog kathah

wong diksura daludur tan wruh ing edur

aja sira pedhak-pedhak

nora wurung niniwasi

  1. mapan wateking manungsa

pan ketemu ing laku lawan linggih

soala muna-muninipun

pan dadya panengeran

kang sapinter kang bodho miwah kang luhur

kang asor lawan malarat

tanapi manungsa sugih

  1. ngulama miwah maksiyat

wong langkendel tanpa wong jirih

durjana bobotoh kaum

lanag wadon pan padha

panitiking manungsa wawetekipun

apa dene wong kang nyata

ing pangrawuh kang wis pasthi

  1. tinitik ing solah muna

lawan muni ing laku lawan linggih

iku panengeran agung

winawas ginrahita

pramilane ing wong kuna-kuna iku

yen amawas ing sujanma

datan amindhogaweni

  1. ginulang sadina-dina

wiweknane tuwin basa basuki

ujubriya kibiripun

sumungah tan kanggonan

mung sumendhe ing karsanira HyangAgung

ujar sirikkang rineksa

kautaman olah wadi

  1. ing sabarang tingkah polah

yen angucap tanapi lamun linggih

sungkan kasosor mbekipun

pan lumrah kaungkulan

ing sujanma pangrasane dhewekipun

pan nora na kang ambadha

angrasa luhur pribadi

  1. aja nedya katempelan

ing wawatek kang tan pantes ng budi

watek rusuh nra urus

tunggal lawan manungsa

dipun sami karya labukan kang patut

darapon dadi tuladha

tinuta ing wuri-wuri

  1. Aja lonyo lemer genjah

Angrong pasanakan nyumur gumuling

Ambuntut arit puniku

Watekan tan raharja

Pan wong lonyo nora kena dipun etut

Monyar-manyir tan antepan

Dene lemeren puniki

  1. para penginan tegesnya

genjah iku cecegan barang kardi

angrong pasanak liripun

remensolah miruda

mring rabine sadulur miwah ing batur

mring sanak myang pasanakan

sok senenga den ramuhi

  1. nyumur gumuling tegesnya

ambelawah datan duwe wawadi

nora kena rubung-rubung

wawadine kang wutah

buntut arit puniku pracekanipun

abener ing pangarepe

nanging garethel ingwuri

  1. sabarang kang dipun ucap

nora wurung amrih oleh pribadi

iku labuhan tan patut

aja anedya telad

mring watekan nenem prakara puniku

saygyana ngupaya

lir mas tumimbul ing waruh

About these ads

One response to “Kumpulan Tembang Macapat

  1. Saya harap akan segera direvisi, karena banyak yang (menurut saya) kurang pas, baik ejaan, maupun kalimatnya. Belum kalau diterjemahkan / dimaknai. Terima kasih

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s