Tresno Kang Ora Tekan


Trenyuh ati iki yen eling sliramu. Wis rada suwe anggone Laksmini kenal karo si Joko. Wiwitane Joko lagi kerja ana ing sawijining percetakan kondhang nang kutho Sala. Nalika kae Laksmini arep golek buku babagan komputer.

            “Mas, menapa wonten buku babagan komputer ingkang ngandhut suraos cara-cara nglakoake komputer?” Laksmini takon kanthi basa kang rada alus. Wektu kuwi Joko mandheng cewek kang ayu, alus lan resik kanthi dheg-dhegan. “ Mas, wonten menapa mboten?” Laksmini nglanjutake pitakone.  Laksmini uga rada dheg-dhegan amarga wong lanang sing ditakoni mau rada bagus kadya Raden Arjuna.

            “Ana Mbak, mengko dhisik yo takjupukke bukune.” Ora let suwe Joko nggolekake buku-buku babagan komputer. “Iki Mbak, sing endi? Dipilih sing paling cocok yo!” Mangkono Joko kandha karo nggawa buku sing dijaluk marang Laksmini.

            “Mbok aja ngundhang aku mbak ta Mas. Aku iki khan luwih enom saka Mas. Ben luwih akrab ngundhang wae jenengku.”

            “Emang jenengmu sapa Cah Ayu?” Joko tambah dheg-dhegan.

            “Mas dhisik ta! Mengko yen Mas wis nyebut jenenge takkandhani jenengku.” Laksmini jane yo tambah ndredeg.

            “Jenengku Joko Darmanto. Saiki gantian yo!”

            “Sing iki regane piro Mas? Aku arep njupuk sepuluh buku kanggo aku lan kanca-kancaku. Piye Mas?”

            “Siji regane sepuluh ewu.”

            “Kok larang temen? Mbok yo dilongi regane! Aku khan mahasiswi. Bocah kost maneh.”

            “Yo wis sangangewu wae! Dadi kabeh sangangpuluh ewu. Kuwi wis murah lho. Coba kowe golek nang toko-toko liyane, mesthi regane mesthi sakdhuwure sepuluh ewu.”

            “Iki artane Mas Joko! Aku sido tuku sepuluh buku. Matur nuwun Yo! Da.da.!” Laksmini banjur lunga wae lan gawe penasarane si Joko. Dhek mau kae Joko takon jenenge durung dijawab karo Laksmini. Banget penasarane rasa ing njero atine Joko. Karo nyambut gawe priyo iku nembang lagune Narto Sabdo sing judhule Ngalamuning Ati.

            Bengine, Joko ora bisa turu. Tansah gawang-gawang katon aneng netra. Nganti turu isih kegawa ngimpi bocah ayu mau. Tangi turu, Joko duwe angen-angen arep nggoleki si Laksmini.

            E,,, lagi esuk mau duwe angen-angen, malah awane Laksmini teko maneh amarga ana buku sing rusak. Saiki Laksmini teko karo kancane. Kancane mau jenenge Manthili. “Ana apa maneh Dhek? Kok mrene maneh? Apa ana sing kurang?” pitakone Joko kanthi ati kang bungah.

            “Apa ora entuk aku mrene maneh? Iki lho ana buku sing rusak Mas Joko!”

            “Oh, ngono. Endi bukune? Eh, nanging jenengmu kuwi sapa? Wingi kowe durung menehi ngerti jenengmu lho!” Joko takon maneh.

            “Aku Laksmini, saka Gunung Kidul. Yen iki kancaku jenenge Manthili.” Laksmini jawab pitakonan sing wingi durung kejawab. “Wah, apik tanan jenengmu kaya wonge jan ayu tanan.” Si joko nyelani. “Iki gantine bukumu, Dhek Manthili. Yen mangkono, aku entuk tho dolan nang kostmu? Aku pengen banget arep ngobrol-ngobrol karo sliramu. He.he……! Eh, ngendi sih alamate?”

”Iki alamate” Laksmini nulis nang kertas cilik.

Joko atine ayem banget wis ngerti jenenge, ditambah wis ngerti alamat koste Laksmini. Bengine bubar bali saka nyambut gawe, Joko langsung mulih menyang omahe. Ora kaya biasane, Joko sok jagongan dhisik nang ngarep gapura karo kanca-kancane. Dina iki, Joko langsung adus, nganggo klambi apik trus disemprot parfum wangi banget. Bengine yaiku bubar magrib, Joko teka menyang koste Laksmini.

Sawise tekan koste Laksmini, wong 2 kuwi lagi ngobrol asik banget! Wis sawetara anggone padha guneman, dumadakan ana wong lanang gagah gedhe dhuwur apamaneh bagus banget. Joko kaget campur kuwatir, amarga wedi yen wong lanang mau pacare Laksmini. Teka-teka, wong lanang mau mecicil banjur takon karo Laksmini, “Manthili ana apa ora Mbak?”

Atine Joko banjur ayem. Jebul dheweke nggoleki kancane Laksmini sing jenenge Manthili. “Oh, ana Mas, enteni dilit yo Mas, takundange bocahe.” Laksmini jawab kanthi alus.

“Yo Mbak, matur nuwun banget yo Mbak “ Wong Lanang mau jawab kanthi luwih alus.

Joko lan Laksmini nerusake guneman sing mau kepedhot gara-gara ana wong lanang sing kaya Raden Haryo Werkudara mau. Ora let suwe, Laksmini mlayu mlebu arep gawe wedang lan nggawa jajanan ben saya anget anggone guneman.

Lagi wae mlebu, teka-teka ana motor mandheg ana ngarep koste Laksmini. Nang atine Joko, kaya-kaya kenal motor mau. Sapa ya? Nang atine Joko kebak pitakon.

“Joko….!” Wong lanang kuwi ngluruhi disik. Amarga rada peteng, dadi Joko uga ora paham yen wong lanang kuwi jebul kancane dhewe. “Weh, lha kok kowe? Bedjo…..?  Ha.ha.ha.! Piye kabarmu? Suwe banget awake dhewe ora ketemu. Nang ngendi wae kowe?” Joko kaget campur senenng.

“Ha.ha.ha…! lyo iki aku. Aku apik-apik wae. Aku salawase iki nang Tirtonadi. Lha nek kowe?” Bedjo jawab kanthi seneng uga.

“Aku uga nang kene wae kok, nang kutha Sala. Nyambut gawe nang percetakan pertigaan kana kae. Lha kok kowe tekan kene? Pas banget aku kangen tenan karo kowe. Emang arep nemoni sapa?

“Ho”o aku uga kangen banget karo kowe. Aku mrene arep ngapel. Lha kowe yo mesthi arep ngapel. Hayo.. iyo tho?

“Wah aku ora ngapel. Aku mung dolan kok.”

“Lha ndolani sapa?”

“Aku ndolani bocah lagi kenal wingi kok”

“Emang kenal nang endi?”

“Critane ana cewek teka nang percetakan nggon kerjaku. Arep nggolek buku sing babagan komputer. Kayane bocahe pinter lho. Lha nek kowe ngapeli sapa?”

“Pacarku kuwi uga pinter banget. Pacarku yo pinter komputer lho”

“Lha emang sapa jenenge?”

“Jenenge Laksmini. Lha nek kowe?”

Atine Joko dheg-dhegan amarga sing dadi pacare Bedjo kuwi jebul cewek sing disenengi dheweke. Kanthi ati kang rada gela banjur dijawab pitakone Bedjo mau, “Lho kok padha jenenge. He.he..” Joko rada isin anggone jawab mau.

“Lho, kok padha yo? Ha.ha..! yo wis, malahane awake dhewe ngobrol bareng sisan wong wis padha kenale. Jebul uga kancamu tho? Lha saiki wonge nang endi?” Bedjo malah seneng amarga bisa guneman bareng karo pacare uga kanca lawase tanpa ana rasa cemburu.

Ora let suwe, Laksmini metu nggawa wedang. Laksmini banjur dheg-dhegan banget bareng weruh yen pacare sing jenenge Bedjo jebul ngapeli nang kene. “Weh, halo Sayangku. Wis mau? Sori, aku tembe gawe wedang.” Takon pacare karo atine wedi yen wong 2 mau padha padudon apamaneh yan gelut.

“Ho’o  je Yang, ora popo. Aku ora dhewekan kok, ki jebul kanca lawasku uga nang kene. Joko iyo kancamu po? Aku malah ora ngerti. Ha.ha.! Malah aku seneng dina iki amarga bisa ketemu kanca lawasku lan bisa ngapel pacarku dhewe. Bunghah banget atiku.”

“O…! Jebul kancamu tho Mas? Aku malah ora ngerti. He.he.! yo wis malah gebeneran padha ngumpul nang kene.” Atine Laksmini wis mak plong. Ilang kabeh kuatire. Wong 3 mau banjur padha guneman babagan warna-warna. Ana sing mbahas jaman mbiyan, pagawean, nganti soal katresnan kang dialami karo wong telu mau.

Ora krasa jam wis nag angka 9 luwih sepuluh menit. Joko lan Bedjo banjur pamitan arep mulih. Bungah banget atine Bedjo, bisa ketemu kanca lawase nalika ngapeli pacare. Untung wae, Bedjo ora duwe rasa cemburu.

Beda karo si Joko. Atine rada remuk campur isin, nanging arep nesu karo sapa? Nang kene ora ana sing salah. “Jebulane, Laksmini kuwi pacare kanca lawasku” Joko mbatin nang atine. Joko wis matur nuwun amarga bisa ketemu lan ngobrol rada suwe karo Laksmini uga kanca lawase. Lan untung wae, Bedjo ora ngerti yen dheweke nduweni rasa tresna marang Laksmini.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s