Wulang Luhur Ing “Kuwalat”


Tembung kuwalat mbokmenawa saiki wis arang banget digunakake ing pasrawungan. Arang banget krungu wong sing ngucapake tembung mau, sanadyan sejatine tembung mau ngandhut pitutur becik lan bisa kanggo sarana pendhidhikan. Yaiku kanggo ndhidhik budi pakertine bocah.
Mbuh sapa sing miwiti, ning bocah-bocah saiki katon yen wis padha ora wedi kuwalat. Malah mbokmenawa akeh sing wis ora ngerti tegese tembung kuwalat mau.
Ing bebrayan agung Jawa pancen ora ana dongeng sing nyritakake bab bocah sing kuwalat kayadene ing laladan Sumatra. Ing Sumatra ana dongeng bocah sing kuwalat, ya kuwi sing jenenge Malin Kundang. Amarga wis dadi wong sugih lan duwe bojo ayu, Malin Kundang banjur isin ngakoni ibune dhewe. Malah, Malin Kundang daksiya marang ibune mau. Malin Kundang banjur kuwalat. Malin Kundang salin wujud dadi watu. Kapal lan kabeh bandha donya, uga dheweke, salin wujud dadi reca watu. Sawise ngono, Malin Kundang nembe rumangsa keduwung marang sakabeh tumindake. Dheweke nangis. Nanging sanadyan nangis saben dina, wis ora bisa dadi manungsa maneh.
Recane Malin Kundang mau bisa ditonton ing tlatah Sumatra kana. Saben dina netesake luh saka mripate, mula banjur karan batu menangis utawa watu sing nangis. Dongeng Malin Kundang mau sejatine aweh pitutur lan pendhidhikan budi pakerti, menawa bocah kuwi ora kena wani karo wong tuwane. Kudu bekti marang wong tuwane utawa sedulur tuwane. Urmat utawa ngajeni marang wong sing luwih tuwa. Yen nganti pitutur iki dilirwakake bisa kuwalat, kaya Malin Kundang.
Ing bebrayan agung Jawa uga ana pitutur babagan kuwalat mau, kayadene sing tinulis ing tembang macapat Asmarandana. Unine mangkene, ana dongeng enthik-enthik / si penunggul patenana / penunggul apa dosane? / ngungkul-ungkuli sasama / aja dhi ndhak kuwalat / lhah hiya bener kandhamu / lali sumber katiwasan.
Arane driji kuwi ana lima, yakuwi jempol, panuding, panunggul, manis (jenthik manis) lan jenthik. Driji lima mau wujude beda-beda lan kanggone uga beda. Jempol wujude cendhek tur lemu, dene jenthik dhuwur tur cilik. Dene sing gedhe dhuwur yakuwi panunggul (driji tengah). Panunggul iki uga diarani anak mbarep (sing tuwa dhewe). Mula ya gedhe dhewe tur dhuwur dhewe. Anak sing nomer loro manis, nomer telu panuding, nomer papat jenthik lan nomer lima utawa wuragil (sing cilik dhewe) yaiku jempol. Kabeh driji lima mau sedulur. Sawijining dina manis rumangsa serik atine jalaran kalah dhuwur tinimbang panunggul. Mula banjur ngajani jenthik mangkene, enthik-enthik si panunggul patenana. Jenthik takon, panunggul apa dosane? Diwangsuli manis, ngungkul-ungkuli sasama. Karepe, ing antarane driji lima mau panunggul katon umuk dhewe jalaran gedhe dhewe lan dhuwur dhewe. Panuding ngelikake, aja dhi ndhak kuwalat. Jempol banjur nyambung rembug, mbenerake panuding, lhah hiya bener kandhamu / lali sumber ketiwasan.
Ing crita iki, diandharake menawa wani karo sedulur tuwa kuwi bisa kuwalat. Ora malati Ana guru agama sing mulangake menawa percaya yen manungsa kuwi bisa malati kalebu musrik. Mula bocah-bocah banjur padha wani marang wong tuwane dhewe, karo sedulur tuwane lan ora wedi kuwalat, jalaran manungsa ora bakal malati. Sejatine dudu wong tuwa utawa sedulur tuwa sing malati. Sing njalari Malin Kundang kuwalat mau sejatine dudu ibune Maling Kundang, nanging piwales siksa saka Gusti Kang Maha Kuwasa utawa Allah SWT.
Jroning agama ana wulang menawa ridhane wong tuwa kuwi padha karo ridhane Allah SWT. Dadi menawa wong tuwa ora ridha, mula Allah SWT uga ora ridha. Menawa ana wong sing nerak wulang agama, Allah SWT bakal paring walat utawa piwales siksa. Jroning agama dijlentrehake kanthi cetha kepriye tatacarane tumindak sing becik marang wong tuwa, sedulur tuwa, sedulur enom, anak, kanca, tangga lan sapanunggalane. Dadi pancen sedulur tuwa ora bisa gawe kuwalat. Nanging yen ora diridhai sedulur tuwa (minangka gantine wong tuwa yen wong tuwa wus mati) uga ora diridhai dening Allah SWT. Lhah, ora entuk ridhane Allah SWT mau sing njalari kuwalat utawa kena siksa.
Wong sing kuwalat ora mesthi dadi watu kaya Malin Kundang. Bisa uga dheweke nemoni bilahi utawa reridhu tanpa kendhat ing uripe (kasangsaya, kacilakan) sing ora dinyana. Mbuh kepriye jalarane, ndilalah nemu alangan. Yen dheweke mau wong sing ora manut tatakrama, urmat, manut miturut karo wong tuwa, mung mburu senenge dhewe, mula wong tuwane (bapak utawa ibune, utawa loro-lorone) bisa uga ora ridha. Banjur dheweke uripe dadi sengsara. Kaya sing dialami anake tanggaku. Bocahe nembe kelas II SMP, nanging wus wani ora manut marang pituture wong tuwane. Senengane dolanan handphone utawa HP (SMS-an, telpon, melu kuis lan liya-liyane). Yen dielikake ibune ora manut, malah nesu, nangis lan sapanunggalane. Mula ibune banjur wegah ngelikake maneh. Nanging bocah mau malah rumangsa bebas, jalaran wus ora ana sing ngelikake. Anggone dolanan HP saya ndadra. Dhuwit sangune sekolah bablas entek kanggo tuku pulsa, mangkono uga dhuwit paringane ibune sing kudune kanggo mbayar SPP. Nalika arep unggah-unggahan kelas, dheweke nunggak bayaran SPP, mula ora entuk njupuk rapot. Ndilalah wong tuwane ya wus ora duwe dhuwit maneh kanggo ngijoli dhuwit SPP sing entek kanggo tuku pulsa. Wusana bocah anake tanggaku mau ora bisa nerusake sekolahe maneh. Iki kena diarani jalaran ora manut marang wong tuwa, banjur kuwalat, uripe sengsara.
Ing pitutur sing kamot ing tembang macapat mau disebutake lali sumber katiwasan. Tegese, lali ing kene bisa uga lali marang Allah SWT, minangka sumbering urip lan panguripan. Bisa uga lali marang wong tuwa utawa guru, utawa lali marang sedulur tuwa. Wong yen lali marang Allah SWT mesthi ora manut paugeraning Allah SWT, kaya sing tinulis ing buku-buku agama lan kitab suci agama-agama.
Yen lali karo wong tuwa, mesthi ya ora manut pituture wong tuwa, nggugu karepe dhewe, sing bakal njalari katiwasan, tegese cilaka. Uripe kena siksa saka Allah SWT. Yakuwi sing diarani bocah kuwalat.

Dudutane, wong sing kuwalat, yakuwi wong sing nampa bebendu utawa siksa saka Allah SWT. Prelu ditandhesake, sing njalari kuwalat mau mesthi wae dudu manungsa, jalaran manungsa ora bisa malati. Nanging bocah sing ora manut pituture wong tuwa, guru, lan sapanunggalane kuwi tegese ora manut paugeran saka Allat SWT. Mula banjur kena siksa utawa kuwalat.

sumber: http://maztrie.blogspot.com/2009/10/wulang-luhur-ing-kuwalat.html