Tumapaking Hardiknas (Hari Pendidikan Nasional) kuwi pas karo dina pengetan wiyosane swargi Ki Hadjar Dewantara utawa RM Soewardi Soerjaningrat, tanggal 2 Mei. Ing jagade pamulangan apadene panggulawenthahane para siswa swargi Ki Hadjar wis kondhang dadi pimpinane Pawiyatan Taman Siswa, sing madeg ing Ngayogyakarta tanggal 3 Juli 1922.
Jejere Ki Hadjar Dewantara minangka bapake Pendidikan Nasional wis kawentar amarga sukses ngesuhi pawiyatan Taman Siswa kuwi. Unen-unen telung larik sing dadi irah-irahane tulisan iki kanggone jagade pamulangan utamane ing tanah Jawa wis dudu barang sing aeng maneh.
Telung prakara sing dadi semboyane Pendidikan Nasional kuwi dadi srana hanggulawenthahe para siswa ing pawiyatan kanggo lelantaran nggayuh idham-idhamane, yaiku sepisan, ing tengah-tengahe para siswa guru kudu kuwagang nggugah semangate kanggo ngangsu kawruh linambaran tekad sregep sinau. Kaping pindhone, ing sangarepe para siswa guru kudu taberi maringi tuladha sing becik-becik. Lan kaping telune, guru minangka pamong kudu siyap siyaga ngawat-awati para siswane saka mburi kareben padha kuwagang madeg dhewe utawa mandhiri kanggo hanggayuh idham-idhamane sing luhur kang murabaki kanggo nusa lan bangsane.
Akeh cara lan rekadaya sing bisa diayahi para guru kanggo ngleksanakake unen-unen telu kuwi. Tumrap bocah-bocah SD lan prasekolah miturut panemune Lenneberg ing hipotesise kang katelah Critical Age Hypothesis “Hipotesis Umur Kritis”, bocah-bocah ing jalur prasekolah lan SD nduweni “uteg sing ngedab-edabi” nganti umur 11 tahun. Bocah-bocah ing jalur umur iki bisa dipredi dadi lantip caturan nganggo basa apa wae kanggo srana mirengake lan micara/caturan kang ing tembene uga bakal bias dipredi dadi wasis maca lan ngarang. Wondene para siswa SMP lan SMA, uga SMK, dadi kuwajibane para guru nambahi lan nikelake ngelmu, kawruh lan katrampilane kambi memaca buku lan gawe karangan nganggo basa apa wae sing wis disinau sadurunge.
Satemene yen bisa nanjakake wektu lan kalodhangane, para siswa SMP lan SMA/SMK kanthi entuk bimbingane para guru bisa nikelake kabisane nguwasani ilmu jumbuh karo bidang sing dipilih. Nguwasani ngelmu iki kudu diayahi liwat dalan/srana sregep memaca lan nenulis, lire kudu akeh maca buku lan gawe tulisan utawa karya-karya ilmiyah.
Wis dudu barang kang diwadekake maneh yen wong-wong sukses, yaiku para sarjana S-1, S-2 lan S-3 bisa utawa kuwagang nggayuh tataran kasarjanakane amarga padha nduweni kabisan lan pakulinan memaca buku lan nulis karya-karya ilmiyah. Ya, kabisan lan pakulinan sing kaya mengkene iki sing kudu dipleter lan dipepetri wiwit SMP lan SMA. Siswa-siswa iki kudu dikulinakake ndadekake maca lan nulis minangka sega jangane ing saben dinane.
Kemaruk maca kuwi, utamane maca buku, dadiya srana tumuju marang panguwasane ilmu. Nanging sing kudu dieling-eling para siswa yaiku aja nganti nduweni kasenengan apadene hobi maca buku-buku porno, aliyas buku-buku sing bisa ngrusak moral. Uga aja nganti kaliput lan kajebak marang kasenengan lan kasengsem nonton VCD porno, awit sepisan wae kaliput angel bisane para siswa bakal hanggayuh idham-dihamane dadi sarjana sujana.
Gegayuhan
Pancen abot jejibahane guru. Para pamong iki kudu bisa dadi tuladhane masarakat, yakuwi wong sing dhemen maca lan nulis, sakdurunge lan rikala ngajak siswa-siswane seneng memaca, nenulis, lan ngangsu kawruh. Ing jaman saiki diajap para guru bisa nanjakake wektune kanggo sinau terus. Tujuwane ora mligi kanggo ngundhakake pangkat apadene ngundhuh tumurune gegayuhan kang awujud sertifikasi, nanging kanggo menehi conto marang para siswane yen sekolah kuwi bisa diayahi kapan wae, ora ndeleng pira umure. Kapan wae wong bisa sinau lan sinau terus kanggo nggayuh idham-idhamane, saora-orane bisa dadi sarjana sing migunani kanggo kamajuwane ngelmu, sumrambahake kanggo santosa lan yuwanane nusa lan bangsane.
Yen tujuwane pasinaon awujud panganggone basa Jawa komplit nganggo unggah-ungguhe, iki bener-bener dadi kuwajibane guru. Tetandhingan micara, crita pidato, maca, lan ngarang nganggo basa Jawa prelu banget dilestarekake supaya bocah-bocah Jawa lantip micara lan nulis nganggo basa Jawa wiwit SD nganti tekan sekolah menengah.
Tetandhingan micara nulis lan nganggo basa Indonesia uga prelu dikulinakake ing saben tataran sekolahan supaya para siswa handuweni kabisan nganggokake basa nasional-e. Tetandhingan nganggo basa Inggris uga prelu dadi tradhisi. Sarana mangkono bocah-bocah, utamane murid-murid SD, sing lagi handuweni “umur kritis” bisa dibuktekake mumpangate.
Kanthi lelandhesan teori sing wis cumepak (kayata Hipotesis Usia Kritis) lan kiprahe para guru kang nggulawenthah para siswa saben dinane nganggo senjata “ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani,” diajap panggulawenthahe bangsa bisa kasil hanjunjung drajate Nuswantara tumuju tumapaking jaman maju. Muga-muga kasembadan. Amin!
ass.
bapak admin saya ingin banyak tanya karena ini bersifat pribadi mohon kesedianya menghubungi saya lewat email farid@gmail.com terimakasih banyak sebelumnya.
salam,
farid