Geguritan


 Patuladhanmu

Bapak…!

Piwulang, piweling uga pituduhmu

bakal dadi seksi anggonku ngadeg

Surasa japa mantra ora nduweni guna

Kagiles banyu suci saka kendhi

Bapak…!

Patuladhanmu,

dadi cagak uripku

Mega kang weneh cahya mring sukmaku

Nuntun olehku mlaku miyaki alang-alang kang dadi pepalang

Merang sekabehe sangune weteng kang dilarang

Bapak…!

Rawuhmu dadi tandha tresna kang sulistya

Esemmu miyak ati kang kecacah mring gajah

Nebang carang kang temangsang

Mbukaki dalan kang buntu

Bapak…!

Aku mung saderma manungsa kang nguciwani

Ora bisa nampa, nerangna uga njlentrehna

Pikirku dadi ciyut kagusur gebyaring donya kang sarwa                                                             ngudhal rasa nafsu

Ora ana guna…,

Bapak…!

Miline banyu saka mataku wujud tresnaku

Lambeku kajiret jarring

sumber: penyebar semangat

Tinggalkan komentar